1 Identitas smazapo sch id

1 Identitas Smazapo Sch Id-PDF Download

  • Date:01 Jun 2020
  • Views:30
  • Downloads:0
  • Pages:16
  • Size:1.20 MB

Share Pdf : 1 Identitas Smazapo Sch Id

Download and Preview : 1 Identitas Smazapo Sch Id


Report CopyRight/DMCA Form For : 1 Identitas Smazapo Sch Id


Transcription:

Bahasa Rinengga UKB BJ 2 04 05,2 Peta Konsep,Karakteristik. 3 Kegiatan Pembelajaran,a Pendahuluan, Sadurunge sinau materi kang sepisan iki coba wacanen lan gatekna wacan ing. ngisor iki,Anggitane J F X Hoery,Dina iki dakoyak playune wektu sing. Balapan karo angin jaman,Tibake nggawa mlayu umurku. Bengi iki dakoyak playune mangsa sing,Balapan karo keteging nafas.
Tibake wis gendhakan karo kodrating alam,Sapa kang inceng inceng saka waliking sepi. Sing kijenan ngangkah lakuning pepesthen,Pinotha potha dadiya lajer. Binandhul pratandhaning panjaka jangkah,Kliwat lamun winadhahan udhu sembur. Dakpasrahake marang smara bumi keblat papat,Kang bakal ngreksa jagat sawantah. Bali marang sejatining rasa jati,Cinandhi ing uleganing pangawikan.
Sing wis ora malang tumoleh,Bojonegoro 2008,UKB BJ 2 04 05. Bahasa Rinengga UKB BJ 2 04 05,1 Miturut tuladha kasebut apa kang diarani basa. 2 Apa kang dadi karakteristike basa rinengga, Kanggo bisa ngrampungake soal kasebut coba wacanen lan gatekna petunjuk. kagiyatan ing ngisor iki,b Kegiatan Inti,1 Petunjuk Umum UKB. a Baca dan pahami materi pada Buku Teks Pelajaran Lihatdan baca pada. Buku Teks Pelajaran BTP Wiyata Basa kanggo SMA SMK MA kelas X. 2013 Surabaya Duta Halaman 52 63, b Setelah memahami isi materidalam bacaan berlatihlah untuk berfikir.
tingkat tinggi melalui tugas tugas yang terdapat pada UKB ini baik. bekerja sendiri maupun bersama teman sebangku atau teman lainnya. c Kerjakan UKB ini dibuku kerja atau langsung mengisikan pada bagian. yang telah disediakan, d Kalian dapat belajar bertahap dan berlanjutmelalui kegiatanayo. berlatih apabila kalian yakin sudah paham dan mampu menyelesaikan. permasalahan permasalahan dalam kegiatan belajar materi basa. rinengga kalian boleh sendiri atau mengajak teman lain yang sudah siap. untuk mengikuti tes formatifagar kalian dapat belajar ke UKB. berikutnya,2 Kegiatan Belajar, Ayo ikuti kegiatanbelajar berikut dengan penuh kesabaran dan. konsentrasi,UKB BJ 2 04 05,Bahasa Rinengga UKB BJ 2 04 05. Kagiyatan Mbangun Konteks lan Pemodelan,Pasinaon 1 Basa Rinengga. Ing kagiyatan iki para siswa nyinaoni bab basa ing teks sastra utawa non sastra. khususe babagan basa rinengga Sadurunge kanggo nggampangake anggonne nyinaoni. bab iki Ayo bebarengan diwaca uraian materi lan tuladha ing ngisor iki. Basa Rinengga, Basa Rinenggaasring diwastani basa endah Basa rinengga gabungan saka tembung.
basa lan rinengga Rinengga tegese dipacaki utawa dipaesi amrih endah saha. ngresepake Basa rinengga asring diprangguli ing geguritan sesorah tanggap. wacana panyandra manten saloka lan saroja,Carane ngrengga basa yaiku. 1 Sarana diandharakeutawa diserat mawa ukara liya ingkang tetembungane. ngemu surasaluwih bregas, 2 Diganti tetembungane sawetawis utama diganti tembung kawi. Karakteristik teks sastra utawa teks non sastra,No Teks sastra Teks Non Sastra. 1 Karangan non ilmiah utawa asil Karangan dikembangake adhedasar. karya paugeran panggunaane basa, 2 Ora kaiket dening dening paugeran Aturan aturan panulisane. 3 Ngemu makna konotatif ekspresif Makna salugune,Jinise Basa Rinengga.
Tembung Entar, Tembung entar yaiku tembung loro utawa luwih sing digabung dadi siji lan tegese dadi. beda saka asal usule Tembung entar tegese ora kaya teges salugune kata kiasan. 1 Dasar bocah pinter lan meneng mula saiki dadi bau tengene Pak Rohmad. Bau tengene tegese wong kang dipercaya, 2 Dadi wong iku sing dawa ususe ngadhepi pacobaning urip ing donya iki. Dawa ususe tegese sabar,Tembung Saroja, Tembung saroja yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese dienggo. bebarengan,1 Muga muga sliramu tansah pinaringan bagas waras. Tembung bagas padha tegese karo tembung waras yaiku sehat utawa sehat. 2 Cilik gedhe enom tuwa padha jejel riyel ngebaki dalan. Tembung jejel padha tegese karo tembung riyel yaiku ngesuk utawa suk sukan. UKB BJ 2 04 05,Bahasa Rinengga UKB BJ 2 04 05,Tembung Garba.
Tembung garba yaiku tembung loro kang digabung dadi siji kanthi ngelongi cacahe. 1 Narpa endah narpendah,2 Sugih arta sugyarta,3 Malebu ing malebweng. Tembung purwakanthi dhapukane saka tembung purwa lan kanthi tegese. tetembungan kang runtut swara wanda utawa tembunge. Wujude ana telu,Purwakanthi guru swara kang runtut swarane. Tuladha ciri wanci lelahi ginawa mati, Purwakanthi guru sastra kang runtut sastra aksara ne. Tuladha ing ngarsa sung tuladha ing madya mangun karsa. Purwakanthi guru lumaksita kang runtut wanda utawa tembunge. Tuladha kolik priya priyagung Anjani putra, Sawise maca lan mangerteni uraian materi kasebut coba garapenpitakon. pitakon ing ngisor iki, Ukara ukara ing ngisor iki ngandung tembung kang nggunakake basa rinengga coba.
golekana tegese tembung kang kacithak miring kang trep. 1 Dadi bocah aja gedhe endhase, 2 Siti entheng tangane ngerti penggawean ing omah padha dicandhak. 3 Amarga sombong Pak Adi dadi kembang lambe ing desane. 4 Wong becik iku ora amung wong kang apik praupane nanging uga apik budi. 5 Nalika kagiyatan bersih desa para warga guyup rukun bebarengan kerja bhakti. 6 Toni tibo jungkir walik nalika sepedahe nabrak pager omahe Pak Untung. 7 Para tamu undhangan klambine sarwendah, 8 Novi dhemenyar amarga ditukokake klambi karo Bapake. 9 Wiwit cilik uripku tansah katula tula katali, 10 Aja cilik ati sing sapa salah mesthi bakale seleh. Yen wis bisa ngrampungake gladhen kasebut bisa nglanjutake. kagiyatanpasinaon 2 iki,UKB BJ 2 04 05,Bahasa Rinengga UKB BJ 2 04 05. Kagiyatan Mbandingake Tuladha,Belajar 2 Teks Sastra lan Nonsastra.
Ing kagiyatan iki para siswa mbandingake teks sastra lan teks nonsastra. Sadurunge kanggo nggampangake anggon nyinaoni bab iki ayo bebarengan diwaca. uraian materi lan tuladha ing ngisor iki,Karakteristik teks sastra utawa teks non sastra. No Teks sastra Teks Non Sastra, 1 Karangan non ilmiah utawa asil Karangan dikembangake adhedasar. karya paugeran panggunaane basa, 2 Ora kaiket dening dening paugeran Aturan aturan panulisane. 3 Ngemu makna konotatif ekspresif Makna salugune, Sawise mangerteni karakteristik teks sastra lan nonsastra kasebut coba gatekna. tuladha teks ing ngisor iki,TANCEP KAYON,Assalamualaikum wr Wb.
Bapak bapak Ibu ibu para sedherek kakung putri ingkang kula kurmati. langkung rumiyin sumangga kita sesarengan ngunjukaken raos puji syukur. dhumateng padanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung amargi ngantos ing titi. wanci punika kita sadaya tansah dipunparingi rahayu kawilujengan Saengga kita. saged jagong sapatemon wonten dalemipun Bapak Catur Irianto punika kanthi. kawilujengan Solawat saha salam sumangga kita aturaken dhumateng Kanjeng Nabi. Muhammad SAW ingkang sampun paring pitedah dhumateng kita arupi piwucal. agami Islam, Bapak Ibu para kadang ingkang kula tresnani wonten ing kalodhangan. punika kita sadaya kaaturan rawuh wonten dalemipun Bapak Catur Irianto. sakulawarga saperlu mangayubagya anggenipun Bapak Catur Irianto sakulawarga. tampi nugraha, Bapak Ibu para sedherek ingkang kula kurmati kala dinten Selasa Kliwon. tanggal 22 Desember 2009 Panjenenganipun Bapak Catur Irianto saha ibu tampi. kanugrahan saking Gusti Allah Ingkang Maha Mirah inggih punika wiyosipun keng. wayah ingkang dados gegadhanganipun Alhamdulillah wayah nomer setunggal. punika mijil putri Salajengipun ingkang wayah kaparingan asma Lina Nur Afida Puri. Hayuningrat M, Para Bapak Ibu saha kadang kadang ingkang kula tresnani wonten ing. kalodhangan punika sumangga kita sami nyenyuwun dhumateng padanipun Gusti. Allah Ingkang Maha Agung mugi mugi Anakmas Lina Nur Afida Puri Hayuningrat. Sumber Sastri Basa kelas X,UKB BJ 2 04 05,Bahasa Rinengga UKB BJ 2 04 05. NARIMA ING PANDUM, Tembung narima ing pandum wis kerep dirungu lan diucapake nanging.
satemene angel yen dilakoni sajrone urip sedana dinane Pancen isih akeh banget. wong kang ora bisa nampa kahanan kang kudu ditampa Akeh wong owah pikire saka. anggone susah kedlarung dlarung kapara malah ora sithik sing nganti nekat lampus. dhiri Kanyatan iku nuduhake yen satemene wong wong mau durung bisa nindakake. rasa narima ing pandum, Narima ing pandum ngemu teges nampa kanthi ikhlas apa sing ditampa lan. apa sing diasilake Unen unen iki mujudake wewarah becik kanggo nggegulang watak. kang luhur yaiku watak pasrah lan ikhlas mring peparing lan kuwasaning Gusti Kang. Murbeng Dumadi Wewarah iki ana sambung rapete karo kapercayan pribadi ing. babagan kodrate manungsa sing minangka kawulane Gusti Tegese manungsa. minangka titah sawanta kaparingan kawenangan ndonga lan mbudidaya sakuwate. tenaga nanging ora wenang mestekake asil utawa pikolehe kang kudu jumbuh karo. apa kang dikarepake Kabeh pepesten mau mung kagungane Gusti kang Akarya Jagad. Minangka tuladha umpamane ana wong kang anggone nyambut gawe wis. mempeng banget paribasan sirah kanggo sikil sikil kanggo sirah lan ya wis ora. kurang kurang anggone mbudidaya kanthi donga lan ikhtiyar nanging sanyatane. asile ora sepiroa kadang kala malah nandhang kapitunan Yen lagi nandang kahanan. kang kaya mangkene iki minangka manungsa lumrah wis samestine atine banjur. susah lan ngresula Yen wong sing cekak pikire sing ora bisa nampa kahanan mau. kanthi iklas bisa bisa pikirane malah ngambyawara nganti kumawani nyalahake. Gusti Allahe sing jare ora adil Nanging beda yen manungsa mau eling marang. pitutur narima ing pandum anggone susah lan ngresula mau ora bakal kedawa. dawa Kanggo munggel pikiran kang susah ben ora kebacut mutung enggal enggal. nglenggana pasrah mring kuwasaning Gusti Wusana gelem nampa kahanan mau. kanthi lila legawa lan percaya yen kabeh mau mung wujud pacobaning urip. Saka kapercayane ati mring kuwasaning Gusti Kang Maha Kuwasa malah. tansaya sengkut anggone makarya lan tansaya gentur anggone donga Awit wong. kang kaya mangkene iki percaya yen Gusti Allah ora sare lan bakal paring kamulyan. marang wong kang sabar lan iklas nampa pacobaning urip. Dadi cethane ngecakake unen unen narima ing pandum ing bebrayan iku. pancen dudu prakara gang gampang Sing bisa nglakoni mung wong wong sing duwe. watak sabar kang utamane tansah caket mring Gusti Allahe Mung wong wong kang. duwe kapercayan kang kuwat yenta manungsa mono mung saderma nglakoni. Paribasan manungsa iku mung dadi wayang kari manut marang karepe dalang. Sumber Sastri Basa kelas X,UKB BJ 2 04 05,Bahasa Rinengga UKB BJ 2 04 05. Yen wis mangerteni bacutna ing kagiyatan gladhen ing ngisor iki. Sawise nyemak kanthi setiti wacan ing dhuwur wangsulana pitakonan pitakonan ing. ngsisor iki,1 Manut wujude apa bedane wacan 1 karo wacan 2. 2 Kanggo mangerteni isi lan gagasane manut panemumu luwih gampang wacan sing. 3 Sakwise mangsuli pitakonan nomer 2 banjur terangna alesanmu. 4 Terangna lan sebutna apa wae bedane basa kang digunakake ing wacan siji lan. wacan kaloro, Yen wis bisa ngrampungake gladhen kasebut mula bisa nglanjutake ing. kagiyatan belajar 3 iki,Kagiyatan Mangerteni Teks Panyandran.
Ing kagiyatan iki para siswa kaajab bisa mangerteni hakikate teks panyandran. Kanggo nggampangake anggon nyinaoni bab iki ayo bebarengan diwaca uraian materi. lan tuladha ing ngisor iki, Nyandra tegese nggambar utawa amarna kaendahan utawa kahanan sarana. pepindhan dadi sing luwih digatekake yaiku gegambaraning kaendahan utawa. kahanan wong nyandra iku ora mesthi nganggo basa rinengga tegese nganggo basa. kang lumrah,Candrane Manungsa,irunge ngudhup mlati. drijine mucuk eri,lembehane mblarak sempal,idepe tumengeng tawang. untune miji timun,Mungguh kang lumrah dicandra yaiku. Anggane manungsa lan bab kang gegayutan karo manungsa. Anggane danawa lan bab kang gegayutan karo danawa,Kahananing alam.
UKB BJ 2 04 05,Bahasa Rinengga UKB BJ 2 04 05, Wacanen teks panyandran ing ngisor iki kanthi setiti banjur garapen pitakon. Gb 5 1 Upacara Adat Penganten sumber Koleksi pribadi. PANYANDRA MANTEN, Sampun sawatawis dangu dennya lelenggahan sri penganten ing sasana kursi. rinengga kang pinalipit mawa retna kinebutan dening elaring manyura kongas. gandane ngambar ngebeki ing pahargyan Samana badanira sampun rumaos gerah. lan sayah arsa nyuwun kadherekaken manjing ing sasana palereman Gya tanggap. ing sasmita sang cucuk lampah nun inggih sang manggaling yuda ingkang. pinaragan dening Dhimas Bagus Danang Susatya Sigra jengkar sang manggalayuda. saking palenggahan arsa siyaga ing gati saweka ing dhiri hangentasi karya. andherekaken tindaknya sri panganten kekalih kang memba narendra sadina. Lamat lamat swaraning gendhing Ketawang Srinarendra kadya paring. sasmita yenta adhicara wus ngancik dumugi titi laksana Kirab Kanarendran Para. para kang tinanggenah angentasi karya andherekaken tindaknya sang mustikaning. pawiwahan gya samya enggal siyaga ing gati saweka ing dhiri arsa ngirabaken. penganten Tata urut runtut rerentengan tata lampah kirabing penganten Ing. ngajeng piyambak nun inggih manggala yuda Sumusul ing sawingkingipun patah. sakembaran ingkang katindakaken ni mas ayu Puspita Harumingtyas dalah rara ayu. Retnaningtyas nunten lampahing sri penganten sekaliyan ingkang datan kendhat. gegandhengan asta yen cinandra kadya tan genggang senajanta sarambut pinara. Sumambung ing wuri lampahing sri penganten sarimbit nenggih punika ta. warnane sang pratiwa manggala suba ya suba manggala tansah hangetut mring. Basa rinengga gabungan saka tembung basa lan rinengga Rinengga tegese dipacaki utawa dipaesi amrih endah saha ngresepake Basa rinengga asring diprangguli ing geguritan sesorah tanggap wacana panyandra manten saloka lan saroja Carane ngrengga basa yaiku 1 Sarana diandharakeutaw a diser at mawa ukara liya ingkang tetembungan e

Related Books